Menika carita riwayat kula rikala jaman rumiyin. Jaman dhek rikala kula taksih 'alit', taksih lare. Sakbibaripun lair, kula manggen ing kitha Ngayogyakarta, ngantos sakinten taun 1959. Lajeng pindah manggen ing kitha Jombang, taun 1959 - 1962. Bibar menika, pindah malih dhateng kitha Jember, taun 1962 - 1965. Lajeng pindah, manggen ini kitha Salatiga, taun 1965 - 1968. Lajeng pindah kitha Semarang, taun 1968 - 1972. Lajeng sekolah ing kitha Yogyakarta, taun 1972 - 1974. Sakbibaripun, lajeng pindah dhateng kitha Bandung, taun 1974 ngantos sapriki.
Rikala jaman manggen ing Jombang dan Jember, kula taksih alit sanget, nanging sampun asring nonton wayang lan tayuban. Nanging amargi taksih alit sanget, nggih mboten saget tumut nabuh gamelan lan mboten tumut nayub. Wekdal samanten, taksih jaman sekolah rakyat (SR), nanging kula sampun saget nyawang sindhen sing ayu sing endi, sing swarane kung sing endi. Yen wonten sindhen ingkang ayu, sagetipun inggih namung nyawang kaliyan 'ndomblong' kemawon. Mboten wantun menapa-menapa. Paling-paling namung lungguh sila sedheku caket kaliyan ingkang nabuh saron.
Ing tlatah Jawa Timur, jaman samanten, menawi wonten pagelaran wayang, saron lan demung limrahipun dipun panggenaken ing wingkingipun sindhen. Wekdal menika, kula dereng saget nabuh gamelan. Nanging yen perkawis ningali wayang kaliyan tayuban, kula samun kagolong asring nerak angger-anggeripun kulawarga. Contonipun, nonton wayang pas mboten dinten libur, utawi mlampah tebih dhateng desa sanesipun ing wanci dalu, saperlu nonton wayang utawi tayuban. Mantuk enjing uthuk-uthuk jam gangsal, ngantos ing griya mesthi sampun dipun tengga bapak kaliyan ibu, lan temtu kemawon lajeng dipun dukani. Kula ngantos apal ukaranipun Bapak (rasanipun dados klise sanget): "Saka ngendi wae kowe kuwi? Nglayap sawengi muput, gawe bingunge wong tuwa wae! Iki rak dudu dina libur, kowe saiki rak kudu sekolah". Makaten cariyosipun.....
Dados ing jaman cilikan kula menika, kula sampun nglampahi njanjah desa milang kori, lumampah saparan-paran aneng desa-desa liya, saperlu nonton wayang, tayuban, lan mesthi kemawon inggih kaliyan nonton sindhen. Jaman menika, krasanipun mardika sanget panguripan kula (ingkang taksih lare alit). Nakal, sok mblayang nyang ngendi-endi, lan lunga sak paran-paran. Wekdal ing kitha Jombang, ingkang naminipun 'dolan mlaku' menika saget ngantos ngancik ing tlatah Kitha Cukir, ingkang jarakipun watawis pitulas kilometer mangidul saking Kitha Jombang. La kok anak kula sing alit, dolanipun kok inggih sami kados bapakipun. Mlampah, saking Dago ngantos tlatah Lembang lan Maribaya. Yen tinakonan, wangsulanipun "Mau jadi si bolang, bocah petualang!"
Dhek jaman manggen ing kitha Jember, inggih ing jaman sekolah rakyat, taun-taun 1962 - 1965, kula taksih aliiiiit sanget. Dados sayektinipun dereng mengertos bab sindhen. Nanging sampun mengertos bab sindhen pundi lan sinten ingkang swantenipun sae lan manis ayu praupanipun.
Pas manggen ing kitha Salatiga, sakinten taun 1965 - 1968, kula ajar nabuh gamelan. Pas ajar nabuh kaliyan ajar sulukan, ingkang ajar nabuh gender kaliyan sulukan namung kula piyambak. Nanging, kula taksih eling, wonten lare wanodya umuripun sakinten nembelas pitulasan, sanga cacahipun, sami ajar nyindhen dhateng guru karawitan kula (dhalang) Ki Harja Prewita, ingkang manggen ing Desa Karang Pete. Dados, kula dados satunggaling murid pria, ingkang dipun rubung wanodya sanga cacahipun. Wekdal menika, umur kula kinten-kinten sewelas taun, kinten-kinten sak umuripun anak kula ing wekdal sakmenika, pas sekolah SMP. Latian sulukan, genderan, wayangan, kaliyan sindhenan; dipun laksanakaken seminggu kaping kalih, dinten Rebo kaliyan dinten Setu. Biasanipun milai jam pitu ngantos jam sadasa dalu. Nanging dhasar taksih lare alit, dados mangkatipun limrahipun taksih sonten. Dados, kula lajeng gadhah wekdal sakedhik kangge wawan rembag lan guyon kaliyan para wanodya calon sindhen ingkang cacahipun sanga menika. Ing ngriki, kula milai saget mangertosi menapa kemawon ingkang dipun pikiraken para wanodya sanga calon sindhen menika. Kalebet menapa ingkang dipun impekaken, menapa kemawon guyonanipun, cita-citanipun, kepinginanipun, lan sapanunggalanipun. Kekancan kaliyan para wanodya sanga calon sindhen menika, jujur kemawon, pancen ngremenaken sanget.
Samangsa sampun saget nabuh gamelan (waunipun nabuh bonang barung, saron, lajeng gender barung), menawi pas sanes dinten latian, kula asring dipun ajak guru kula, tumut nabuhi wayang tiyang (meh saben ndalu), tumut nabuhi wayang kulit, klenengan, lan kalebet nabuhi tayuban. Tugas kula rikala samanten, ingkang paling rutin, inggih menika methuk kaliyan ngeteraken kondur pradangga ingkang kapacak 'nyiter', amargi tiyangipun wuta lan sampun sepuh sanget. Asmanipun Pak Parmin. Dados mangkat kaliyan mantuk, mesthi tiyang kalih, lumampah runtung-runtung alon-alon kekalih, nggandheng astane Pak Parmin, kaliyan kemul sarung. Menawi mantuk dalu utawi enjing, lumampah kemul sarung jarik. Salatiga menika, menawi ndalu asrepipun kados Bandung. Sak enget kula, dereng nate kita kekalih ngangge dhokar utawi becak. Dados, mesthi mlampah kemawon, mbok pinten kilometer tebihipun, inggih dipun lampahi kemawon lumampah lon-lonan.
Menawi saweg mboten wonten pagelaran, kula lan para kanca nayaga, asring ugi 'mbarang cokekan' turut lurung (margi). Menawi ing kitha Salatiga, asringipun mbarang turut margi tengah kitha, ingkang kasebat Jalan Solo. Kagiatan menika limrahipun kangge ngisi wekdal. Bidhal sakinten jam pitu utawi wolu dalu, tiyang sekawan ngantos gangsal, limrahipun mbeta gender barung, siter, kendhang ciblon, gong bumbung (gong suwukan), kadang kala inggih mbeta slenthem. Sing sekawan nabuh gamelan, ingkang satunggal malih nyindhen. Mantukipun sakinten jam kalih dalu.
Ing mriku, kula milai mangertosi saestu bab sindhen. Ing jaman samanten, ing Salatiga wonten sindhen ingkang ayu saestu, swaranipun kung, umuripun saweg nembelas pitulas taunan, naminipun Mbak Jaenah, saking desa Bringin (sak leripun Kitha Salatiga). Statusipun rikala menika taksih lajang, dereng kawengku ing pria. Yen dipun tingali, pancen saestu ayu. Moblong-moblong kados widodari tumurun ing ngarcapada (menika rumaos kula kala samanten). Menawi Mbak Jaenah saweg nyindhen, kula asring ngantos ndomblong aningali ayunipun, kaliyan midangetaken swantenipun yang saestu kung temenanan. Rumaos kula rikala samanten, ing pamanggih kula, Mbak Jaenah menika kados-kados paling ayu dhewe sak donya, mboten wonten ingkang saget ngalahaken. Menapa malih yen wonten ing pasamuwan utawi pagelaran wayang, ngagem gelung gagrak Surakarta, cundhuke kembang melathi, jarikipun sidomukti, ngagem kebayak ingkang mangangge panutup bikakan ngajeng ingkang limrah dipun sebat
'kuthu baru'. Wewegipun saliranipun sangsaya katingali. Katonipun kados mboten wonten ingkang saget anandhingi. Rumaos kula, ing panggung pagelaran utawi pasamuwan, katingalipun mboten wonten ingkang saget amadhani ayunipun, kalebet para ibu-ibu para tamu, dalah para wanodya nom-noman ingkang samya dados among tamu.
Ing mriku, kula ningali kanthi cetha wela-wela (amargi yen nabuh gender barung utawi slenthem, kula asring sanget lenggah celak sindhen), kados pundi solah tingkahipun sindhen yen dipun celaki, dipun sawang, lan dipun gatekaken dening para tamu, khususipun bapak-bapak lan jejaka tumaruna. Limrahipun, para bapak-bapak menika rawuhipun ing pasamuwan dipun dherekaken garwanipun. Dados limrahipun dhateng sarimbit, kekalih kaliyan gegandhengan asta, runtung-runtung mlebet dhateng pasamuwan. Ing pasamuwan kados makaten, limrahipun para bapak sami mangagem jas, utawi menawi mawi cara tradisional, sami ngagem beskap utawi surjan. Wah, katingalipun gagah sanget kados para dewa ingkang saweg angejawantah ing ngarcapada.
Nanging, menika ingkang sayektinipun asring dados cariyos ingkang limrahipun kalebet winadi, utawi tansah sinimpen rapet ing telenging nala. Yen perlu, ngantos tumekeng lena, mboten wonten tiyang sanes ingkang mangertosi.
Sak kedheping netra, amung sak gebyaring thathit, yen aningali sindhen kang moblong-moblong ayune, kados golek kencana, lir widodari angejawantah, saknalika dhatan eling purwa duksina, lali sakabehing. Limrahipun, lajeng mandheg lumampahipun. Saknalika ngadeg njegreg kados tugu sinukarta, kaliyan nyawang dhatan kedhep. Mboten eling, yen aneng sisihipun wonten garwanipun ingkang ginandheng astanipun. Kadadeyan kados makaten menika, mboten namung sepindhah utawi kaping kalih, nanging kapara asring sanget.
Sindhen ingkag dipun sawang, limrahipun lajeng males nyawang, kaliyan mesem ngujiwat, kados dipun sengaja supados sangasaya gumiwang katon ayunipun. Ingkang paling asring kadadeyan, ingkang kakung limrahipun radi kesuwen nyawang sindhenipun ingkang pancen ayu saestu. Menawi konangan ingkang garwa, lajeng dados mala. Menawi dados pasulayan rame wonten ing pasamuwan, inggih mboten. Ananging, limrahipun kaliyan ingkang garwa lajeng dipun tarik astanipun, sinendhal kanthi paksa. Ing mriki, asring katingal sanget menawi ingkang garwa serik dan sanget mboten karenan penggalihipun. Kanthi ndremimil ngundhamana (nanging alon), kakangmasipun lajeng dipun tarik ngadohi panggenan sindhen.
La menika kadadeyan ingkang paling asring kula tingali ing jaman samanten. Biasanipun ing pasamuwan ngantenan. Margi, ing pasamuwan ngantenan kados menika, sindhen limrahipun lenggah ngadhep dhateng para tamu. Radi benten kaliyan ing pagelaran wayang kulit, ing jaman samanten, limrahipun sindhen menika lenggahipun ngadhep geber wayang, sanes ngadhep penonton kados ing jaman sak menika.
Tiga sekawan jam nyawang sindhen sing ayune kaya widodari, pancen saget mbebayani tumraping bebrayan rumah-tangga. Amargi, saget nuwuhaken wuyung kepati. Yen kedlarung-dlarung lan dipun terasaken, saget ebah dados nguber sindhen ngantos dhateng ing griyanipun. Mila, saget nuwuhaken 'lali anak bojo', dados keblinger keblate! La lajeng dados mala. Dados padu kaliyan ingkang garwa, lan wekasanipun urip dados mboten karu-karuwan.
Cariyos ing inggil menika, dhek jaman semana lo. Sanes kadadeyan ing jaman samangke. Nanging, sinten ingkang saget ngarani, saget ugi kadadeyan ing jaman samangke. Wong nyatanipun ing jaman samangke tetep kathah sindhen ingkang ayune pancen kaya widodari, anom sumringah, awake weweg, swara kung, macake pinter, gelung kondhe cundhuk mentul kembang melathi, kalung lan giwange barleyan gumebyar, ditambah ngepaske kebayak karo jarike ya pas banget. Yen disawang ya wani balik nyawang, yen diesemi ya wani males ngesemi, yen diajak ngendikan malah wani ngajak dolan, karo takon "Mas, penjenengan taksih piyambakan menapa sampun kagungan garwa?" Waaaaaaaaaaaa...........
Nek ditakoni kadi mengkono karo dipandeng netrane, sak kedheping netra, kaya sinamber thathit, kaya diwalik paningale, diingerake keblate.
Kejadian selanjutnya, bisa ditebak, silahken dilihat dalem acara terbaru yang akan ditampilken dalem program 'infotaiment' siaran televisi........
Rikala jaman manggen ing Jombang dan Jember, kula taksih alit sanget, nanging sampun asring nonton wayang lan tayuban. Nanging amargi taksih alit sanget, nggih mboten saget tumut nabuh gamelan lan mboten tumut nayub. Wekdal samanten, taksih jaman sekolah rakyat (SR), nanging kula sampun saget nyawang sindhen sing ayu sing endi, sing swarane kung sing endi. Yen wonten sindhen ingkang ayu, sagetipun inggih namung nyawang kaliyan 'ndomblong' kemawon. Mboten wantun menapa-menapa. Paling-paling namung lungguh sila sedheku caket kaliyan ingkang nabuh saron.
Ing tlatah Jawa Timur, jaman samanten, menawi wonten pagelaran wayang, saron lan demung limrahipun dipun panggenaken ing wingkingipun sindhen. Wekdal menika, kula dereng saget nabuh gamelan. Nanging yen perkawis ningali wayang kaliyan tayuban, kula samun kagolong asring nerak angger-anggeripun kulawarga. Contonipun, nonton wayang pas mboten dinten libur, utawi mlampah tebih dhateng desa sanesipun ing wanci dalu, saperlu nonton wayang utawi tayuban. Mantuk enjing uthuk-uthuk jam gangsal, ngantos ing griya mesthi sampun dipun tengga bapak kaliyan ibu, lan temtu kemawon lajeng dipun dukani. Kula ngantos apal ukaranipun Bapak (rasanipun dados klise sanget): "Saka ngendi wae kowe kuwi? Nglayap sawengi muput, gawe bingunge wong tuwa wae! Iki rak dudu dina libur, kowe saiki rak kudu sekolah". Makaten cariyosipun.....
Dados ing jaman cilikan kula menika, kula sampun nglampahi njanjah desa milang kori, lumampah saparan-paran aneng desa-desa liya, saperlu nonton wayang, tayuban, lan mesthi kemawon inggih kaliyan nonton sindhen. Jaman menika, krasanipun mardika sanget panguripan kula (ingkang taksih lare alit). Nakal, sok mblayang nyang ngendi-endi, lan lunga sak paran-paran. Wekdal ing kitha Jombang, ingkang naminipun 'dolan mlaku' menika saget ngantos ngancik ing tlatah Kitha Cukir, ingkang jarakipun watawis pitulas kilometer mangidul saking Kitha Jombang. La kok anak kula sing alit, dolanipun kok inggih sami kados bapakipun. Mlampah, saking Dago ngantos tlatah Lembang lan Maribaya. Yen tinakonan, wangsulanipun "Mau jadi si bolang, bocah petualang!"
Dhek jaman manggen ing kitha Jember, inggih ing jaman sekolah rakyat, taun-taun 1962 - 1965, kula taksih aliiiiit sanget. Dados sayektinipun dereng mengertos bab sindhen. Nanging sampun mengertos bab sindhen pundi lan sinten ingkang swantenipun sae lan manis ayu praupanipun.
Samangsa sampun saget nabuh gamelan (waunipun nabuh bonang barung, saron, lajeng gender barung), menawi pas sanes dinten latian, kula asring dipun ajak guru kula, tumut nabuhi wayang tiyang (meh saben ndalu), tumut nabuhi wayang kulit, klenengan, lan kalebet nabuhi tayuban. Tugas kula rikala samanten, ingkang paling rutin, inggih menika methuk kaliyan ngeteraken kondur pradangga ingkang kapacak 'nyiter', amargi tiyangipun wuta lan sampun sepuh sanget. Asmanipun Pak Parmin. Dados mangkat kaliyan mantuk, mesthi tiyang kalih, lumampah runtung-runtung alon-alon kekalih, nggandheng astane Pak Parmin, kaliyan kemul sarung. Menawi mantuk dalu utawi enjing, lumampah kemul sarung jarik. Salatiga menika, menawi ndalu asrepipun kados Bandung. Sak enget kula, dereng nate kita kekalih ngangge dhokar utawi becak. Dados, mesthi mlampah kemawon, mbok pinten kilometer tebihipun, inggih dipun lampahi kemawon lumampah lon-lonan.
Menawi saweg mboten wonten pagelaran, kula lan para kanca nayaga, asring ugi 'mbarang cokekan' turut lurung (margi). Menawi ing kitha Salatiga, asringipun mbarang turut margi tengah kitha, ingkang kasebat Jalan Solo. Kagiatan menika limrahipun kangge ngisi wekdal. Bidhal sakinten jam pitu utawi wolu dalu, tiyang sekawan ngantos gangsal, limrahipun mbeta gender barung, siter, kendhang ciblon, gong bumbung (gong suwukan), kadang kala inggih mbeta slenthem. Sing sekawan nabuh gamelan, ingkang satunggal malih nyindhen. Mantukipun sakinten jam kalih dalu.
Ing mriku, kula milai mangertosi saestu bab sindhen. Ing jaman samanten, ing Salatiga wonten sindhen ingkang ayu saestu, swaranipun kung, umuripun saweg nembelas pitulas taunan, naminipun Mbak Jaenah, saking desa Bringin (sak leripun Kitha Salatiga). Statusipun rikala menika taksih lajang, dereng kawengku ing pria. Yen dipun tingali, pancen saestu ayu. Moblong-moblong kados widodari tumurun ing ngarcapada (menika rumaos kula kala samanten). Menawi Mbak Jaenah saweg nyindhen, kula asring ngantos ndomblong aningali ayunipun, kaliyan midangetaken swantenipun yang saestu kung temenanan. Rumaos kula rikala samanten, ing pamanggih kula, Mbak Jaenah menika kados-kados paling ayu dhewe sak donya, mboten wonten ingkang saget ngalahaken. Menapa malih yen wonten ing pasamuwan utawi pagelaran wayang, ngagem gelung gagrak Surakarta, cundhuke kembang melathi, jarikipun sidomukti, ngagem kebayak ingkang mangangge panutup bikakan ngajeng ingkang limrah dipun sebat
'kuthu baru'. Wewegipun saliranipun sangsaya katingali. Katonipun kados mboten wonten ingkang saget anandhingi. Rumaos kula, ing panggung pagelaran utawi pasamuwan, katingalipun mboten wonten ingkang saget amadhani ayunipun, kalebet para ibu-ibu para tamu, dalah para wanodya nom-noman ingkang samya dados among tamu.
Ing mriku, kula ningali kanthi cetha wela-wela (amargi yen nabuh gender barung utawi slenthem, kula asring sanget lenggah celak sindhen), kados pundi solah tingkahipun sindhen yen dipun celaki, dipun sawang, lan dipun gatekaken dening para tamu, khususipun bapak-bapak lan jejaka tumaruna. Limrahipun, para bapak-bapak menika rawuhipun ing pasamuwan dipun dherekaken garwanipun. Dados limrahipun dhateng sarimbit, kekalih kaliyan gegandhengan asta, runtung-runtung mlebet dhateng pasamuwan. Ing pasamuwan kados makaten, limrahipun para bapak sami mangagem jas, utawi menawi mawi cara tradisional, sami ngagem beskap utawi surjan. Wah, katingalipun gagah sanget kados para dewa ingkang saweg angejawantah ing ngarcapada.
Nanging, menika ingkang sayektinipun asring dados cariyos ingkang limrahipun kalebet winadi, utawi tansah sinimpen rapet ing telenging nala. Yen perlu, ngantos tumekeng lena, mboten wonten tiyang sanes ingkang mangertosi.
Sak kedheping netra, amung sak gebyaring thathit, yen aningali sindhen kang moblong-moblong ayune, kados golek kencana, lir widodari angejawantah, saknalika dhatan eling purwa duksina, lali sakabehing. Limrahipun, lajeng mandheg lumampahipun. Saknalika ngadeg njegreg kados tugu sinukarta, kaliyan nyawang dhatan kedhep. Mboten eling, yen aneng sisihipun wonten garwanipun ingkang ginandheng astanipun. Kadadeyan kados makaten menika, mboten namung sepindhah utawi kaping kalih, nanging kapara asring sanget.
Sindhen ingkag dipun sawang, limrahipun lajeng males nyawang, kaliyan mesem ngujiwat, kados dipun sengaja supados sangasaya gumiwang katon ayunipun. Ingkang paling asring kadadeyan, ingkang kakung limrahipun radi kesuwen nyawang sindhenipun ingkang pancen ayu saestu. Menawi konangan ingkang garwa, lajeng dados mala. Menawi dados pasulayan rame wonten ing pasamuwan, inggih mboten. Ananging, limrahipun kaliyan ingkang garwa lajeng dipun tarik astanipun, sinendhal kanthi paksa. Ing mriki, asring katingal sanget menawi ingkang garwa serik dan sanget mboten karenan penggalihipun. Kanthi ndremimil ngundhamana (nanging alon), kakangmasipun lajeng dipun tarik ngadohi panggenan sindhen.
La menika kadadeyan ingkang paling asring kula tingali ing jaman samanten. Biasanipun ing pasamuwan ngantenan. Margi, ing pasamuwan ngantenan kados menika, sindhen limrahipun lenggah ngadhep dhateng para tamu. Radi benten kaliyan ing pagelaran wayang kulit, ing jaman samanten, limrahipun sindhen menika lenggahipun ngadhep geber wayang, sanes ngadhep penonton kados ing jaman sak menika.
Tiga sekawan jam nyawang sindhen sing ayune kaya widodari, pancen saget mbebayani tumraping bebrayan rumah-tangga. Amargi, saget nuwuhaken wuyung kepati. Yen kedlarung-dlarung lan dipun terasaken, saget ebah dados nguber sindhen ngantos dhateng ing griyanipun. Mila, saget nuwuhaken 'lali anak bojo', dados keblinger keblate! La lajeng dados mala. Dados padu kaliyan ingkang garwa, lan wekasanipun urip dados mboten karu-karuwan.
Cariyos ing inggil menika, dhek jaman semana lo. Sanes kadadeyan ing jaman samangke. Nanging, sinten ingkang saget ngarani, saget ugi kadadeyan ing jaman samangke. Wong nyatanipun ing jaman samangke tetep kathah sindhen ingkang ayune pancen kaya widodari, anom sumringah, awake weweg, swara kung, macake pinter, gelung kondhe cundhuk mentul kembang melathi, kalung lan giwange barleyan gumebyar, ditambah ngepaske kebayak karo jarike ya pas banget. Yen disawang ya wani balik nyawang, yen diesemi ya wani males ngesemi, yen diajak ngendikan malah wani ngajak dolan, karo takon "Mas, penjenengan taksih piyambakan menapa sampun kagungan garwa?" Waaaaaaaaaaaa...........
Nek ditakoni kadi mengkono karo dipandeng netrane, sak kedheping netra, kaya sinamber thathit, kaya diwalik paningale, diingerake keblate.
Kejadian selanjutnya, bisa ditebak, silahken dilihat dalem acara terbaru yang akan ditampilken dalem program 'infotaiment' siaran televisi........
Tidak ada komentar:
Posting Komentar